05 August 2019

Tentang Sejarah Magelang - DOLAN NING ALOON-ALOON

MAGELANG TEMPO DOELOE:
DOLAN NING ALOON-ALOON
Pancen bener, Aloon-aloon dadi papan jujugan kanggo dedolan sing paling murah lan gampang dijujug soko ngendi wae. Soko lor, wetan, kulon lan kidul podo kepenakke. Opo maneh kanggo wong Magelang, Aloon-aloon pas ono ning tengah-tengah kutha Magelang.
Koyo dene ana ing foto ing ngisor iki. Durung ngerti foto iki dipotret taun pira. Katon para priyayi kakung padha ana ing Aloon-aloon madhep ngetan. Ana sing lagi ngadheg, ana uga ana ing lagi ndhodhog. Disawang saka busanane kang endah lan seragam, sajakke kaya para pegawai pamarentahan. Ketokke sabubare ana acara, terus dedolan ana ing papan iki.
Katon ana ing sisih tengen, bangunan mentereng gagah sing kasebut Watertoren kang dibangun taun 1920. Watertoren iki panggon kanggo tandon banyu kang kanggo kabutuhan para warga Magelang. Banyune saka sumber tuk ana ing Kalegen Bandongan.
Ana ing sisih kiwa, katon masjid Kauman kang kaloka. Papan kanggo ngibadah para kaum muslim iki dibangun karo Danukromo, Bupati Magelang ingkang kapisan. Danukromo diangkat karo Inggris dadi bupati kala taun 1813. Sakbanjure Kanjeng Bupati bebangun masjid, Aloon-aloon saha Regentwoning utawa dalem bupati ana ing sisih lor Aloon-aloon.
Aloon-aloon saya endah nalika sesuketan katon ijo royo-royo. Kaya pengen nglemprak ana ing 'permadani ijo' kuwi. Saya katon endah maneh nek menowo redi Sumbing lan Giyanti ora ketutupan pedhut. Wah, pokoke kaya ning swarga.
Sumber :
 

No comments:

Post a Comment