01 August 2022

Sejarah Magelang - Candi Borobudur

CANDHI BARABUDHUR

Kêklêmpakaning rêca-rêca Dyanibuda.

Oleh ; Muhammad Riyadhie

          DYANIBUDA punika Buda ingkang dumados saking golongan jawata (dewa), ingkang wontên ing panganggêpipun golongan Mahayana, anguwasani jagad, jaman, keblat, langit, tuwin anuntuni kamajênganing para manungsa. Dene anggènipun sagêd angyêktosi utawi ambedak-bedakakên, dhatêng satunggal-tunggaling warninipun rêca Dyanibuda, punika dipuntingali saking patrap sikêping asta ingkang sinêbut: mudra. Mênggah têranging pêpilahanipun makatên:

1. Sadaya rêca Buda agêng-agêng, ingkang pinanggih wontên ing clowokaning tembokipun candhi ing sisih wetan majêng mangetan, punika pêpêthaning Dyanibuda ingkang sinung asma: Aksobya (Akshobhya), patraping asta asikêp: bumisêparsa mudra (Bhumisparsya mudra), asta kiwa tumumpang ing pangkon, èpèk-èpèkipun malumah tumumpang ing dlamakaning suku têngên (lênggahipun sila tumpang mrapat, suku kalih pisan kainggahakên tumumpang pupu, suku têngên tumumpang suku kiwa, sadaya rêca Dyanibuda sami kados makatên punika lênggahipun asta têngên tumumpang ing suku têngên sacêlakipun dhêngkul, èpèk-èpèkipun mangkurêb, dariji kadosdene nuding mangandhap dhatêng bumi, pikajêngipun asung sasmita, utawi pasêmon kadosdene mangandika: ingsun aprasêtya marang bumi iki, sumêdya anêksèni kababaring panggêlare piwulang anyar.

2. Ing sisih kidul majêng mangidul, punika dununging pêpêthanipun Dyanibuda ingkang pêparab: Rêtnasambawa (Ratnasambhawa), astanipun asikêp: Waramudra (Waramudra), ugi wontên ingkang mastani: Warada mudra (Warada mudra), asta kiwa tumumpang ing pangkon kados kasêbut ing nginggil, asta têngên ing suku têngên sacêlaking dhêngkul, namung kaot èpèk-èpèkipun malumah, inggih punika pasêmonipun undang-undang dhatêng para manungsa, supados sami umarêk ing ngarsanipun, prêlu nampèni pêparingipun karahayon. Upami kababara ing sabda, kadosdene badhe ngandika: ingsun arsa maringi nugraha marang sira.

3. Ing iring kilèn majêng mangilèn, punika dununging pêpêthanipun rêca Dyanibuda ingkang sinêbut: Amitaba (Amitabha), asikêp: Dyana mudra (Dhyana mudra), asta kalih pisan tumumpang ing pangkon, èpèk-èpèkipun malumah sadaya, ingkang têngên tumumpang ingkang kiwa, pikajêngipun asung sasmita, supados para manungsa sami mangun watak utami (kalakuan sae), tuwin ngupados pêpadhang ing batosipun piyambak, sarana lampah samadi, utawi angêningakên ciptanipun, supados sagêd tinarbuka pêpadhanging batosipun.

4. Ing sisih lèr majêng mangalèr, punika dununging pêpêthanipun Dyanibuda ingkang asma: Amogasida (Amoghasiddha), asikêp: Abaya mudra (Abhaya mudra) asta kiwa tumumpang ing pangkon, èpèk-èpèkipun malumah, asta têngên watês sikut dumugi ugêl-ugêling asta, kajunjung sawatawis ing sanginggiling pangkon iring têngên, èpèk-èpèkipun watês ugêl-ugêl kajêngatakên minggah, punika pasêmon ingkang asung sasmita: sira aja sumêlang, kabèh iki bakal lumaku kang prayoga, lan ingsun kang dadi gurunira.

5. Kajawi punika, ing larikaning clowokan tembok ing tataran ingkang kaping gangsal, ingkang nginggil piyambak, nanging taksih kalêbêt ing jêrambahing sêrambi ingkang awangun pasagi, punika wontên pêpêthanipun rêca Dyanibuda ingkang sinêbut:

Werocana (Wairocana) angadhêpakên sadaya keblat, inggih buda ingkang nguwasani cakrawala (Êenith), asikêp: Witarka mudra (Witarka mudra), patraping asta mèh sami kados patraping: Abaya mudra, namung kaot pucuking dariji panuding têngên, gathuk kalihan pucuking jêmpolan asta têngên, kadosdene amujudakên bundêring gêlangan utawi sêsupe sêsêr, punika pasêmoning bawa raos, punapa angginêm kawruh raos, ing bab kawontênaning gêsang ingkang tanpa wiwitan lan pungkasan.

6. Rêca-rêca buda ingkang kinurung ing stupa krawangan, dumunung ing talundhag têtiga nginggil piyambak, ingkang jarambahing surambi awangun bundêr, punika pêpêthaning Dyanibuda ingkang pêparab: Wajrasatwa (Wajrasattva), sikêping asta sinêbut: Darmacakra mudra (Dharmacakra mudra), sairib kados sikêping astanipun rêca-rêca buda agêng ing salêbêting Candhi Mêndut. Asta kalih pisan watês sikut kajunjung prênah sangajênging dhadha, èpèk-èpèk kiwa malumah, ingkang têngên wontên sanginggilipun cakêt, watês ugêl-ugêl kajêngatakên minggah, nanging dariji-darijinipun sêmu nêkuk mangandhap dhatêng arah-arahipun èpèk-èpèk ingkang kiwa ngandhapipun, pucuking dariji manis sami dariji manin gathuk, utawi pucuking dariji manis têngên gathuk lan pucuking dariji têngah ingkang kiwa, ing sêmu kados pêpêthanipun tiyang ingkang badhe ngubêngakên rodha alit, inggih pasêmoning rodhanipun anggêr-anggêr, ingkang suraos: panggêlaring piwulang. Amargi wontên ing kawruh buda, anggêlarakên piwulangipun sang buda, punika sinêbut: ubênging rodhanipun anggêr-anggêr (wet), dene ingkang sinêbut anggêr-anggêr punika piwulangipun sang buda, ingkang limrahipun nama piwulang darma utawi damma. Manawi manut katranganipun paduka Tuwan Ir. Th. Van Erp ingkang sampun amaluya karisakaning Candhi Barabudhur, sikêp, darmacakra: punika pasêmonipun pandhita ingkang sawêg anggêlarakên piwulang agami dhatêng para manungsa. Mênggah lêrês lêpatipun sadaya katrangan ingkang kasêbut wau, kula borongakên dhatêng ingkang langkung wikan.[][][]:MR 31-7-2022

Saking pintên-pintên sumbêr.


No comments:

Post a Comment